Sejarah Gamelan
Gamelan jawa ngrupakno seperangkat alat sing biyasane
lumpukan saka alat musik gong, gambang, celempung, kenong, mawa pirang-pirang
piranti liyane. Keistimewaan saka musik gamelan yaiku suarane sing lembut lan
kaya sengaja nekakne kahanan ketenangan ana ing jiwa sing pada mirengake,
diendi hal kuwi diimbangke karo prinsip urip masyarakat jawa ning umume.
![]() |
Alat musik gamelan ora bisa diuculake saka pandangan tiyang jawa sing langkung ngingu keselarasan urip becik jasmani arepa rohanine, kahanan kasebut dadekne wong-wong jawa sanuli ngedohi pikiran ala lan berurahan mujudtake toleransi sepada-pada, wujud paling yekti bisa awake dhewe persani sanjero musik gamelan yaiku geretan tali rebab, lan saron mawa suwara gong nang saben panutup suwara.
Komposisi gamelan diciptake kanthi
pirang-pirang aturan, sing awujud saka pirang-pirang puteran lan petheh.
Diwatesi saka siji gongan mawa melodine. Diciptake jero unit sing awak saka 4
suwara nada. Komponen sing utama piranti musik gamelan yaiku: logam, pring, lan
kayu. Masing-masing piranti duweni guna dhewe jero pegalran musik gamelan.
Sejarah gamelan jawa saka kepadhangan gusti
puger putra P.B.XII, lan serat wedhapradangga saka Keraton Surakarta sing pisan
tinulis saka Raden Tumenggung Warsadiningrat, kumpulan serat sejarah gamelan
kasebut diklumpuk saka raden ngabehi prajapangrawit nang taun 1874. Menawa
gamelan lair ing jawa ping pisan yaiku gangsa raras salendro.
Taun 167 sang hyang guru utawa sang hyang
jagatnata menehake ijazah ngrupa swara karengeng jagat, swara kasebut asale
saka gamelan lokananta utawa lokanata. Manut kepadhangan saka G.P.H. Hadiwijaya
(redaksi pustaka jawa) mung ana 5 jero gamelan lokananta kasebut yaiku
gendhing(kemanak), pematut(kethuk), sauran(kenong), teteg(kendhang ageng), lan
maguru sing saiki karan gong.
Ning taun 187, krungu swara matenggeng
karna, saka sang hyang indra/ surendra, lan diweheni jeneng salendro, ricikane
tetep ana 5 karo swara tembang sekar kawi/ ageng. Nang taun 336 saka sang hyang
indra racikan gamelan diimbuh karo salundhing utawa kempul, lan gerantang sing
saiki karan karo gambang.
Nang pirang-pirang panggonan tembok candi
borobudur bisa didelok jenis-jenis instrumen gamelan yaiku: kendang nduwe tali
sing dikalungna neng gullu, kendang nduwe bentuk kaya periuk, siter lan kecapi,
simbal, suling, saron, gambang. Nang candi prambanan bisa didelok gambar relief
kendang silindris, kendang cembung, kendang bentuk periuk, simbal, lan suling.
Neng kana digambarke menawa gamelan digunakne dadi pangiring joged upacara
utawa kagaman.
Rangkuman:
Gamelan jawa yaiku seperangkat alat sing
biyasane lumpukan saka alat musik gong, gambang, celempung, kenong, mawa
pirang-pirang piranti liyane. Keistimewaane yaiku suarane sing lembut lan
nekakke katenangan.
tiyang jawa sing langkung ngingu keselarasan
urip becik jasmani arepa rohanine,ora bisa ucul saking gamelan, kahanan kasebut
dadekne wong jawa ngedohi pikiran ala lan musuhan, toleransi sepada-pada, wujud paling yekti
bisa awake dhewe persani sanjero musik gamelan yaiku geretan tali rebab, lan
saron mawa suwara gong nang saben panutup suwara.
gamelan diciptake kanthi pirang-pirang
aturan, sing awujud saka pirang-pirang puteran lan petheh. Diwatesi saka siji
gongan mawa melodine. Diciptake jero unit saka 4 suwara nada. Komponen sing
utama piranti musik gamelan yaiku: logam, pring, lan kayu. Masing-masing
piranti duweni guna dhewe.
Sejarah gamelan jawa saka kepadhangan gusti
puger putra P.B.XII, lan serat wedhapradangga saka Keraton Surakarta sing pisan
tinulis saka Raden Tumenggung Warsadiningrat, kumpulan serat sejarah gamelan
kasebut diklumpuk saka raden ngabehi prajapangrawit nang taun 1874. Menawa gamelan
lair ing jawa yaiku gangsa raras salendro.
Taun 167 sang hyang jagatnata menehake ijazah
ngrupa swara karengeng jagat, swara kasebut asale saka gamelan lokanata. Manut
G.P.H. Hadiwijaya mung ana 5 jero gamelan lokananta kasebut yaiku gendhing,
pematut, sauran, teteg, lan gong.
Ning taun 187, krungu swara matenggeng karna,
saka sang hyang indra, lan diweheni jeneng salendro, ricikane tetep ana 5 karo
swara tembang sekar kawi/ ageng. Nang taun 336 saka sang hyang indra racikan
gamelan diimbuh karo kempul, lan gambang.
Nang tembok candi borobudur bisa didelok
jenis-jenis instrumen gamelan yaiku: kendang nduwe tali sing dikalungna neng
gulu, kendang nduwe bentuk kaya periuk, siter lan kecapi, simbal, suling,
saron, gambang. Nang candi prambanan bisa didelok gambar relief kendang
silindris, kendang cembung, kendang bentuk periuk, simbal, lan suling. Neng
digambarke menawa gamelan digunakne dadi pangiring joged upacara utawa kagaman.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar